Anjajah
desa milang kori,
Kala
mangsane pariwisata,
Wruh endahe
alam nuswantara,
Keh kang adi
luhung alas lan gunung-gunung.
Nadyan bangsa
manca negara,
Padha gumun
pada ngungun,
Sesawangan
anglam lami tan mboseni,
Kodrating
kawasa kaya tinata janma.
Sendhang
megung trusing kedhung,
Sumber luber
kebak warih,
Suwakan
banyu blumbangan,
Kemricik
banyune belik,
Ngisor tlaga
sumber toya,
Ketiga
ngerak trus mili.
Senadyan
pucuking gunung,
Akeh
sawangan kang asri,
Wisma-wisma
pasanggrahan,
Kanggo
ngleremake dhiri,
Kebegan
pariwisata,
Kembang –
kembang angrenggani,
Taman-taman
kembang gunung,
Dalane gasik
waradin,
Tanem tuwuh
angrembaka,
Bangkit
pangolahing siti,
Sagunging
pariwisata,
Sengseme
tanpa upami.
( Ki Narto Sabdo, 1980 )
Agar lebih memahami laras dan titi larasnya, silahkan
By : Rizqan Rusnamba Prandika, siswa SMP Negeri 1 Baturetno kelas 8 A
Tidak ada komentar:
Posting Komentar